Oleh : Inneke Yulistan
Berjuang ning Kota Perjuangan……. opo to kuwi ? Lak masalah juang berjuang ning Nganjuk yo enek Gedung Juang, tapi uduk kuwi.Berjuang iku koyok piye awake dewe ngintukne opo sing dikarep lan rela ngorbanake kanggo impian iku ben terkabul.Coro gampang e iso digawe conto iku perjuangan Indonesia merdeka soko kompeni.Lah opo maksude Kota Perjuangan ?Opo maneh ? Mestine Suroboyo. Mundak mucuk ae iki artine, Berjuang ning Kota Perjuangan berarti identik karo 10 November 1945 sing ndi arek-arek Suroboyo dikomandani karo Bung Tomo nglawan Sekutu modal pring tombak.Yo iku sejarah sing kudu dimangerteni marang wong enom kabeh.
Masio saiki Indonesia wis merdeka, ora terus kawulo mudone mandek berjuang.Adoh-adoh teko deso ngrantau ning kutho tugase mung golek ilmu, berjuang teko kegoblokan.Urip pas-pasan, adoh teko bapak ibu lak sinau yo kudu tenanan.Pancen angel urip dewe padahal biasane enek wong tuwo sing iso dijaluki tulung.Pancen angel urip sing biasane ning Nganjuk kota Angin saiki urip ning Suroboyo sing puanas cak ! Pancen angel urip ning Suroboyo sing bahasane medhok, kasar , lan ora sesuai karo kupinge wong Nganjuk sing isone krungu omongan alus. Pancen angel urip ning Suroboyo sing banyune buthek ora seger blas dibanding Nganjuk sing teko Gunung Wilis. Pancen angel urip ning Suroboyo sing pingin rujakan pencit ae tuku. Yo kuwi Suroboyo, sing lak crito ning tonggo-tonggo omah apik lan dibanggakne. Iso ngrasakne Suroboyo apik kuwi yo awake dewe kudu sukses, ben lak lungo ning mall Galaxy isu tuku klambi ora mung ndeleng muter trus mulih.
Kanggo sedulur mahasiswa sing dadi pewaris peradaban, ngertio Indonesia iki uduk mung guyonan koyok stand up comedy ning kompas TV duk dolanan monopoli yo ora manut metune togel. Sinau perkoro kebangsaan uduk koyok ngaji drama Korea sing sok romantis, uduk akeh gaya koyok foto narsis. Ning ndi iki kawulo mudo pas rego beras sampek listrik sing nyekik, sing rego Lombok sampek daging koyok rego emas. Lan kowe konco ijik ora tenanan nimbo ilmu pas rakyatmu kalang kabut gundah ning ati. Pajek sing dibayar sampek kerjo abot mung kanggo subsidi sekolahmu ben putro putrine Indonesia dadi wong pinter lan akhlak e apik ora korupsi.
Gaween maneh jas almamatermu kebanggaanmu, ora peduli rupo nyatuo kanggo negoro. Jogoen amanah Gusti Pangeran perkoro status mulia mahasiswamu. Sedilut ae tinggalen gadgetmu, buyarno clan coc-mu, patenono medsosmu, shutdownen game duel otakmu. Elingo mahasiswa uduk mung mantra dukun dadi agent of change karo social control. Pintero, pekao, bijako, majuo, gagaho. Mbeloo rakyatmu, negoromu, tanah airmu. Indonesia nyeluk awakmu, rakyat butuh awakmu, nusantara kangen peranmu, Pertiwi ngundang baktimu.
Surabaya, 19 November 2015
Created by Inneke Yulistan
Kalian adalah pahlawan
BalasHapusKetika bersemangat untuk bermanfaat
Ketika berkarya tanpa pinta
Ketika berbuat kebaikan tanpa harapan
Tetap bersinergi untuk mengabdi
#Argabayu_Tempo_Doeloe